جاوي Jāwī - Brunei

Pitaken: Punapa Yesus punika Gusti Adonai? Punapa Yesus nate nelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Adonai?

Wangsulan: Yesus boten nate kacathet ing Kitab Suci manawi ngandika kanthi cetha, “Aku iki Adonai.” Punika boten ateges, kados pundia, bilih Panjenenganipun boten nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Adonai. Mendhet conto Sabdanipun Gusti Yesus ing Yokhanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji.” Ing panyawang wiwitan, punika katingal- ipun kados boten nerangaken punika Gusti Adonai. Ewa semanten, sumangga mirsanana tanggapanipun tiyang Yahudi tumrap pangandikanipun Gusti Yesus punika, “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Adonai, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Adonai” (Yokhanan 10:33). Tiyang Yahudi mangertos pangandikanipun Yesus ingkang nerang-aken bilih Panjenenganipun punika Gusti Adonai. Ing ayat salajengipun Yesus boten nate ngleresaken punapa ingkang dipun cariyosaken dening tiyang Yahudi, “Aku ora nerangake manawa Aku iki Adonai.” Punika nedahaken bilih Yesus saestu ngandika Panjenenganipun punika Gusti Adonai sarana katerangan, “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokhanan 10:30). Yokhanan 8:58 satunggaling conto sanes. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana!” Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci (Yokhanan 8:59). Kenging punapa tiyang Yahudi badhe sami mbenturi Gusti Yesus kaliyan watu manawi Panjenenganipun boten ngandika bab ingkang dipun pitadosi dening tiyang Yahudi nyenyamah, nyamekaken, nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Adonai?

Yokhanan 1:1 nyariosaken makaten “ Sang Sabda iku Gusti Adonai.” Yokhanan 1:14 nyariosaken makaten “Sang Sabda wus dadi daging.” Punika nerangaken kanthi cetha bilih Gusti Yesus punika Gusti Adonai ingkang manjilma. Lelakone Para Rasul 20:28 nyariosaken dhateng kita, “Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang pada dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Adonai kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.” Sinten ingkang ndarbeni pasamuwan kanthi rahipun piyambak? Gusti Yesus Kristus. Lelakone Para Rasul 20:28 nerangaken bilih Gusti Adonai mundhut pasamuwan kanthi rahipun piyambak. Awit saking punika, Yesus punika Gusti Adonai!

Tomas sakabatipun ngaturi Gusti Yesus, “Gusti sarta Adonai kawula” (Yokhanan 20:28). Yesus boten ngleresaken piyambakipun. Titus 2:13 njurungi kita supados nengga rawuhipun Gusti lan Pamarta kita – Yesus Kristus (pirsani ugi 2 Petrus 1:1). Ing Ibrani 1:8, Sang Rama ngandika bab Gusti Yesus, “Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Adonai, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lan kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”

Ing kitab Wahyu, satunggaling malaekat paring dhawuh dhateng Rasul Yokhanan supados namung nyembah Gusti Adonai (Wahyu 19:10). Ing sawetawis ayat Kitab Suci Gusti Yesus nampi panyembah (Matius 2:11; 14:33; 28:9, 17; Lukas 24:52; Yokhanan 9:38). Panjenenganipun boten nate ngutus tiyang supados nyembah Panjenenganipun. Manawi Yesus sanes Gusti Adonai, Panjenenganipun mesthi ngandika dhateng para tiyang wau supados sampun nyembah Panjenenganipun, kados dene malaekat ing Wahyu. Wonten kathah ayat sanesipun lan bagian saking Kitab Suci ingkang nerangaken bab ka-Adonai-anipun Yesus.

Dasar ingkang paling wigatos bilih Gusti Yesus kedah dados Gusti Adonai inggih punika manawi Panjenenganipun sanes Gusti Adonai, sedanipun boten badhe badhe nyekapi kangge ngruwat paukuman dosaning jagad punika (1 Yokhanan 2:2). Namung Gusti Adonai ingkang saged ngluwari paukuman tanpa wates. Namung Gusti Adonai ingkang saged ngluwari dosaning jagad (2 Korinta 5:21), pejah, lan kawungokaken – mbuktekaken kamenanganipun saking dosa lan pepejah.



Pitaken: Punapa kaAdonaianipun Kristus wonten sesambetanipun kaliyan Kitab Suci?

Wangsulan: Kajawi pangandikanipun Gusti Yesus ingkang teges bab Sariranipun, para sakabat ugi ngakeni kaAdonaianipun Kristus. Para sakabat mratelakaken bilih Yesus kagungan panguwaos kangge paring pangapunten tumrap dosa – satunggaling bab ingkang namung saged katindakaken dening Gusti Adonai, minangka Adonai ingkang dipun sakiti dening dosa (Lelakune Para Rasul 5:31; Kolose 3:13, bandingaken Jabur 130:4; Yeremia 31:34). Nutup sesambetan kaliyan pratelan ingkang pungkasan punika, Yesus ugi ngandika badhe “ngadili sadaya ingkang gesang miwah ingkang pejah” (2 Timotius 4:1). Tomas mangsuli unjuke: dhuh Gusti kawula, Adonai kawula!” (Yokhanan 20:28). Paulus ngaturi Gusti Yesus “Adonai kang Mahaagung sarta Pamarta” (Titus 2:13), sarta mratelakaken bilih saderengipun Gusti Yesus manjilma, Panjenenganipun gesang “ngagem sipating Adonai” (Filipi 2:5-8). Panyerat Kitab Ibrani nyariosaken bab Gusti Yesus bilih “Dhuh, Adonai, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun” (Ibrani 1:8). Yokhanan nyariosaken bilih, “Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Adonai sarta Sang Sabda iku Gusti Adonai” (Yokhanan 1:1). Conto-conto ayat Kitab Suci punika memucal bab kaAdonaianipun Kristus saged dados kathah (sumangga ningali Kitab Wahyu 1:17; 2:8; 22:13; 1 Korinta 10:4; 1 Petrus 2:6-8; bandhingaken Jabur 18:2; 95:1; 1 Petrus 5:4; Ibrani 13:20), nanging tetep satunggal saking antawisipun cekap kangge nedahaken bilih Kristus punika katingal kaAdonaianipun dening para pandherekipun.

Gusti Yesus inggih kaaturan gelar ingkang unik Yahweh (asma ingkang resmi saking Gusti Adonai) ing Prajanjian Lawas. Gelar ing Prajanjian Lawas “Panebus” (Jabur 130:7; Hosea 13:14) kaagem dening Gusti Yesus wonten ing Prajanjian Anyar (Titus 2:13; Wahyu 5:9). Yesus kasebut Immanuel (“Gusti nunggil kaliyan kita” ing Matius 1). Ing Zakharia 12:10, Yahweh ingkang ngandika, “Satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe.” Nanging Prajanjian Anyar matrapaken punika tumrap pangurbananipun Gusti Yesus (Yokhanan 19:37; Wahyu 1:7). Manawi punika Yahweh ingkang kasuduk lan kapandeng, lan Yesus punika satunggal-satunggalipun ingkang kasuduk lan kapandeng, mila Yesus punika Yahweh. Paulus napsiraken Yesaya 45:22-23 kados dene migunakaken Yesus wonten ing Filipi 2:10-11. Langkung tebih, asmanipun Yesus kaginakaken kajawi Yahweh ing salebeting pandonga “Sih-rahmat anaa ing kowe lan tentrem rahayu saka Gusti Adonai, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus” (Galatia 1:3; Efesus 1:2). Punika badhe dados pitenah bilih Kristus punika sanes Adonai. Asma Yesus muncul sesarengan Yahweh nalika Yesus ngersakaken kabaptis “wonten ing asmanipun (tunggal)Sang Rama lan Sang Putra lan Sang Roh Suci” (Matius 28:19; pirsani ugi 2 Korinta 13:14. Ing kitab Wahyu Yokhanan ngandika sadaya tumitah memuji Sang Kristus (Sang Cempe) – mila Yesus boten kalebet ing antawisipun ingkang tumitah (5:13).

Pakaryan ingkang namung saged kasampurnakaken dening Gusti Adonai dipun pitados-aken dhumateng Gusti Yesus. Gusti Yesus boten namung wungu saking seda (Yokhanan 5:21; 11:38-44), sarta paring pangapuntening dosa (Lelakune Para Rasul 5:31; 13:38), Panjenenganipun ingkang ngasta lan nyanggi jagad (Yokhanan 1:2; Kolose 1:16-17)! Bab punika malah damel langkung kiyat tumraping satunggal tetimbangan bilih Yahweh ngandika Panjenenganipun piyambakan sadangunipun nitahaken (Yesaya 44:24). Langkung malih, Kristus kagungan kawicaksanan ingkang namung saged dipun gadhahi dening sipating kaAdonaian: kalanggengan (Yokhanan 8:58), wonten ing pundia papan (Matius 18:20, 28:20), maha mirsani (Matius 16:21), maha kuwaos (Yokhanan 11:38-44).

Sapunika, wonten satunggal bab ingkang negesaken Gusti Adonai utawi damel tiyang bodho manawi pitados dhateng bab ingkang leres, sarta sadaya bab sanesipun kangge mbuktekaken punika wau. Kristus naweni minangka bukti tumrap punapa ingkang katerangaken bab kaAdonaianipun kathah kaelokan lan malah wungu saking seda. Namung sawetawis kaelokan-kaelokaning Gusti Yesus kaleblet ngewahi toya dados anggur (Yokhanan 2:7), tindak ing sanginggiling toya (Matius 14:25), nikelaken barang-barang (Yokhanan 6:11), maluyakaken tiyang wuta (Yokhanan 9:7), tiyang pincang (Markus 2:3), sarta tiyang sakit (Matius 9:35; Markus 1:40-42), malah ugi nggesangaken tiyang pejah (Yokhanan 11:43-44; Lukas 7:11-15; Markus 5:35). Kaliyan malih, Kristus piyambak inggih wungu saking seda. Tebih saking punapa ingkang dipun wastani sirnanipun lan munculipun mitologi saking panyembah brahala, boten kados patangen ingkang saestu dipun akeni dening agami sanes – sarta boten wonten pangaken sanes ingkang gadhah panegesan kathah kados dene ing Kitab Suci. Miturut Dr. Gary Habermas, sakirang-kirangipun wonten kalihwelas (12) bukti sejarah ingkang malah kritikan para sarjana sanes-Kristen ingkang ngakeni:

1. Yesus seda karana panyaliban.
2. Panjenenganipun kakubur.
3. Sedanipun nyebabaken para sakabat nglokro sarta kecalan pangajeng-ajeng.
4. Pasareanipun Gusti Yesus ingkang katutup (utawi dipun cariosaken katutup) dados kosong ing sawetawit dinten sasampunipun.
5. Para sakabat pitados bilih sami ngalami nyumurupi wungunipun Yesus.
6. Sasampunipun punika para sakabat sami ewah saking anggenipun mangu-mangu dados sami pitados kanthi mantep.
7. Pawartos punika ingkang dados pusating piwucal ing wiwitaning Pasamuwan.
8. Pawartos punika kawucalaken ing Yerusalem.
9. Minangka asiling piwucal punika, Pasamuwan lair lan mindhak ageng.
10. Dinten wungunipun, Minggu, kagantos Sabat (Sabtu) dinten ingkang utami minangka pangabekti.
11. Yakobus, ingkang mangu-mangu, gantos agami nalika piyambakipun ugi pitados bilih piyambakipun nyumurupi wungunipun Yesus.
12. Paulus, mengsahipun tiyang Kristen, gantos agami lumantar anggenipun ngalami ingkang dipun pitadosi nyumurupi wungunipun Yesus.


Malah manawi sok sintena ingkang dados tokoh ing deretan ingkang mangu-mangu, namung sakedhik ingkang betah bukti bab pawungon sarta bukti bab piwucal: Sedanipun Yesus, kakubur, pawungon, sarta seserepan (1 Korinta 15:1-5). Sanadyan mbokmanawi wonten kathah teori ingkang nerangaken satunggal utawi kalih bukti ing nginggil, namung pawungon ingkang nerangaken sarta nyariosaken tumrap sadaya tiyang. Para pangritik ngakeni bilih para sakabat nyariosaken sami sumerep wungunipun Yesus. Boten wonten ingkang goroh punapa dene impen saged ngewahi tiyang nindakaken caraning patangen. Ingkang wiwitan, kauntungan punapa ingkang badhe sami dipun gayuh? Kakristenan punika boten kondang sarta mesthi boten ndhatengaken bandha tumrap tiyang. Ingkang kaping kalih, tiyang ingkang goroh boten badhe dados martir ingkang sae. Boten wonten katerangan ingkang langkung sae katimbang patangen tumrap pepenginanipun para sakabat pejah inggih pejah ingkang nggegirisi awit kapitadosanipun. Mila, kathah tiyang pejah awit saking goroh bilih ingkang kapikiraken punika leres, nanging boten wonten tiyang ingkang pejah awit punapa ingkang dipun sumurupi punika boten leres.

Wusananipun: Kristus ngandika Panjenenganipun punika Yahweh, Panjenenganipun asipat Adonai (boten namung “satunggaling Adonai” – nanging Adonai ingkang Leres), para pandherekipun (tiyang Yahudi ingkang sampun nyembah brahala ingkang nggegirisi) pitados dhumateng Panjenenganipun sarta pasrah ngaten kemawon dhumateng Panjenenganipun. Sang Kristus mbuktekaken pangandikanipun bab sipating kaAdonaianipun langkung kaelokan-kaelokan kalebet ewah-ewahan jagading patangen. Boten wonten hipotesa ingkang saged nerangaken kanyatan punika.


No comments:

Post a Comment